Ringkasan cerita

                  “SANG PANGERAN PATI”



1. Identitas Novel :
Penulis : Fitri Gunawan
Penerbit : Q Publisher
Tebal : 203 halaman

2. Sinopsis
           Novel kanthi judul “SANG PANGERAN PATI” dening Fitri Gunawan kuwi nyeritakaken lika-likune dunia jurnalistik kang kabuntel roman dhimen krasa kuwih nges kang duwe peran utama yaiku Suryo Baskoro.Suryo Baskoro kuwi priya kang duweni pasuryan bagus pideksa,pinter,andap asor,pinter sesrawungan,lan pinter gawe ati para wanita luluh. Suryo Baskoro dadi wakil ketua redaksi ana ing perusahaan koran Cahaya Kita makili Prihastuti Kusumo kang dadi Ketua Redaksi Cahaya Kita amarga perusahaan koran iku duwene kang rama Broto Kusumo. Suryo Baskoro di wenehi dening Broto Kusomo kanggo dadi wakil amarga di yakini bisa gawe Cahaya Kita luwih maju, Surya Kusomo ora nyia-nyiakaken jabatan kang diparingi karo Broto Kusumo,malah Suryo wis di anggap kaya anak lanange dewe marang pak Broto.

           Marang kanca-kanca kantore Surya di sebut pangeran pati amarga apa wae tugas kang di wenehake marang Suryo bakal beres ora ana sek kececer senajan deweke kang nggarap santai kaya ora ana beban beda karo karyawan liyane. Suryo duweni program kerja anyar kanggo karyawane nanging karyakan kang di anggap bisa gawe Cahaya Kita dadi luwih apik. Nanging saka program kerja sing anyar kuwi Suryo tumindak culika,Surya dumadakan dadi milyader amarga nampa cek saka Kanwil Mardi Putro deweke di paringi cek 50 yuto amarga tumindak culika marang Cahaya Kita,nanging Suryo uga duwe konflik batin,sebarenge deweke dadi milyader malah sisihan atine Surtikanthi ilang saka regeman amarga keputusane kang rama Suryono amarga Suryo di anggap ora akeh banda. Nanging Suryo ngrasa marem merga bisa buktikna yen bisa dadi milyade senajan hasil saka tumindak culikane marang kode etik jurnalistik. Suryo ngotak atik berita,molak malik kabeneran amarga ngrasa dendam marang Suryono kang wis tau ngina Suryo.


        Suryo di sekap ana ing hotel karo wong papat utusane pesainge kangmase,kang dadi penyelamet ana ing kedadean iki yaiku Surti,Surti di kabari adhine Suryo,Suryawati Suminar yen kangmase ora mulih rong dina awit budal kerja. Surti kaget krungu kabar kuwi banjur age age luru Suryo nganggo tgeknologi canggih yaiku pendeteksi tempat kanng wis tau di pasang deweke ana ing plat nomer mobil X-type kendaraane Suryo. Sak banjure Suryo ketemu ana ing hotel,kmondisine Suryo mrinani banget,mripate di tutupi,tangane di banda ngansi pingget.

        Ucul saka masalah kang wigati kuwi Suryo malah entuk rejeki nomplok amarga deweke bajur bisa nggarbini Surti,banjur deweke malah melu Surtikanthi menyang Amerika nerusake pendidikan S3 ngancani bojone kang entuk beasiswa kango neruske dadi doktor. Banjur suryo karo Surtikanthi urip tentrem ana ing Amerika.


                           “ Matur  Suwon”

Komentar

  1. nih mo nanya elemen pembangun dan nilai-nilai yang terkandung dalam crita tersebut apa sih?

    BalasHapus

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Ringkasan cerita

Ringkasan cerita